Selasa, 30 November 2010

tetes banyu

tetesing udan
ing wayah ratri
rinasa amedhyat ati
ngelingake marang
tembang lintang
kang sirep
tetesing banyu
ora mung ning netra
uga tumetes
ning telenging ati
yen kelingan laku
jalma ing donya
akeh lakon mung kaya boreh
tan rumasuk ing raga
lali jiwa, lali rasa
tetesing banyu ing jagad
nabuh lemah, nabuh manah
kaya suara genthaning amaranggana.
muga kuwi pratanda,
wayahe jalma nggegayuh bagaskara

Tidak ada komentar: